Kelas 2 th 2009/2010
SMK MUHAMMADIYAH 3 WELERI
BAHASA JAWA
LELUNGAN MENYANG
KEBUN BINATANG MANGKANG
Kaya wes dadi pakulinan ing kaluwargaku menawa preinan mesthi dimanfaatke kanggo mlancong, mbuh ngendi tujuane seng baku methu saka ngomah saperlu ngenggar-enggar penggalih bsupaya ora sumpek amarga pegawean rutin saben dinane.
Kaya wektu preinan semaster siji wingi, wektune pas wulan Desember 2010. Akulan, adhiku loro, uga bapak lan ibu dolan-dolan menyang kutha Semarang papan kang dituju yaiku Bonbin Mangkang.Bapak lan Ibu nate thindak mrana, nanging adhiku lan adhi-adhiku durung tau, dadi rasane ya tetep seneng banget.
Rombongan kaluwargaku mangkat saka ngomah watara jam 9.00 esuk kanthi pamrih supaya tekan papan kang dituju ora kawanan. Kaya biasane yen lelungan, adhiku anggone sangu jajanan, pindha toko mlaku, kabeh digawa. Sdalan-sadalan pijer ngemil wae, yen ora ya mesthi mabuk Sawise mlaku udakara setengah jam, rombonganku tekan ing Bonbin mangkang.
Ing kana aku sakaluwarga mubeng-mubeng ndeleng kewan-kewan kang maneka warna. Sesawangane uga nengsemake banget serta akeh tetumpakan kanggo bocah cilik-cilik. Naliko ngematake kuda nil, ujuk-ujuk dikagetake dening swara rame-rame, kaya ana nom-noman kang lagi padha gelut. Kanthi ora sabar mbakyuku mlayu gendring saking wesine tanpa nolah-noleh. Aku lan kaluwargaku ditinggal. Barang wes kesel anggone mlayu mbakyuku banjur mandheg lan nginguk memburi, dheweke lagi sadar yen wes adoh saka kaluwargaku. Pungkasane mbakyuku thenguk-tenguk ngentebi seng liyane. Sawise ketemu mbakyuku banjur njlentrehake apa sebab dheweke mlayu sipat kuping, jebul wedi dikira ana macan ucul saka krangkeng, Aku lan sakaluwarga banjur pada ngakak ngguyani ceritane mbakyuku mau. Oalah mbak .........mbak diarani durjana ucul saka pakujaran. Tapi ya iku seng marake lucu ing perjalan wisataku neng Bonbin Mangkang. Tapi ono maneh yen mbakyuku mlayu-mlayu merga di kira ana macan ugul aku lan adhiku malah balapan mutah lan lemes banget merga yen numpak bis utawa angkutan liyane aku lan adhiku mesti mabuk.
Banjur saka Bonbin yaiku sekitar jam 4 sore ako lan rombonganku menyang lan mubeng-mubeng menyang kutha Semarang. Aku lan rombongan mandheg ing Simpang Lima neng kana rambongan pada nyebar ana seng neng Matahari Departement Store, Robinson, Mall Pandanaran, lan ya ana seng mung pada lungguh karo nyawang-nyawang keadaan lan ramene kutha Semarang.
Banjur kuwi sekitar jam setengah 6 sore aku lan rombongan kundhur lan neng Kaliwungu rombongan mandheg maneh kanggo belanja oleh-oleh kanggo seng neng omah kayata Gethuk lan jajan pasar liyane ing Pasar Sore Kaliwungu. Sawise belanja lan sholat magrib ing Masjid Agung Kaliwungu aku lan rombonganku banjur muleh menyang Weleri. Aduh kesele perjalane sedina piknik menyang Bonbin Mangkang lan mubeng-mubeng kutha Semarang. Tapi Aku seneng yen diajak lelungan maneh apa maneh yen lungane iku ing tempat seng durung tahu dituju sadurunge...............
Sawise tekan ngomah aku lan rombongan banjur muleh lan padha muleh ing ngomahe dewe-dewe. Aku lan adhiku banjur tekan ngomah langsung lunga menyang kamar lan turu merga kesel banget.
Minggu, 06 Juni 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar